Jumat, 05 Februari 2016

Guyon Banyumasan ...(Tamba Ngantuq)

Dakem cah wadon ndesa siji kiye uteke mandan kendo. Deweke duwe penyakit kelalenan banget. Senajan kaya kuwe Dakem gayane senenge melu wong-wong kota. Rambute disemir abang, tindikane ora kur nang kuping tapi ngasikan cungure ya ana anting-antinge. Lah siki deweke bar tatoan nang nggon pupu. Pupu sing tengan gambar Krisdayanti pupu sing kiwe gambare Yunishara.

Bar tatoan Dakem kerasa sumuk banjur lunga meng kali arep adus. Pas adus deweke ndeleng gambar tatone tapi deweke kelalen endi sing krisdayanti endi sing Yunishara. 
“Asem kelalen kiye gambare sapa ya?” batin Dakem.

Ndilalah pas agi nggosoki sikile deweke weruh ana Kaki Daplun liwat. 
“Kebeneran ana mbah Daplun, arep takon lah?” batin Dakem.


“Mbah .. Mbah Daplun ngeneh sedela,” Dakem ngundang Kaki Daplun.


“Ana apa sih Kem, agi adus be ndedekan ngundangi wong tuwa,” Kaki Daplun semaur kambi merek.


“Tulung geh mbah, kiye pupune inyong tembe tek tato, sing Krisdayanti sing endi sing Yunishara sing endi, inyong kelalen koh?” Dakem gole takon serius banget

Ditakoni kaya kuwe Kaki Daplun langsung mentelengi pupune Dakem. Kaki Daplun sing wis tuwa gole mentelengi pupu kambi dela-dela ngriyep-ngriyepna matane sing wis madan ora genah kambi kadang-kadang diucek-ucek. Bar kuwe Kaki Daplun banjur ngomong.


“Gambar sing tengen karo sing kiwe mandan ora genah, tapi sing kribo nang tengah kuwe inyong kenal … kuwe mesti AHMAD ALBAR!!! ” Kaki Daplun sing kerasa bisa nebak katon seneng banget. 

Hehehee..............

Tidak ada komentar:

Posting Komentar