Senin, 11 Januari 2016

WONG INDONESIA KUWI HEBAT...!!! (Guyon sek sithik wae, copas dari kamar sebelah.....)

Wis suwe awake dhewe mangan IWAK GABUS yo biasa-biasa c wae....

Mangan TONG SENG wetenge yo ora opo-opo..

Mangan SEGO KUCING yo doyan...

Wong Semarang mangan GANJEL REL...

Wong Palembang mangan KAPAL SELAM...

Wong Bali biasa mangan SAYUR PAKU...

Bocah-bocah SD wis kulina mangan MOLEN...

Meh kabeh wong Indonesia yo wis tau mangan BANGKU SEKOLAHAN ben pinter jarene...Nyatane yo podho selamet lan makmur uripe...

Wong Jowo MANGAN BETON yo sehat-sehat wae wetenge...

Ngombe kopi , ngombe teh dicampur GULO PASIR yo sik sehat kok... 

Malah ono sing nganggo GULO BATU...

Sing mangan KETOPRAK yo ono...

Mangan BAKSO GRANAT lan BAKSO RUDAL yo eco mawon...

Mangan KACANG ATOM yo sehat... ora mbledhos koyo Hiroshima Nagasaki...

OSENG-OSENG MERCON yo podho doyan...

PUTRI SALJU yo diemplok...

RONDO ROYAL, TEMPE KEMUL yo enak ae... ora opo-opo..

SAMBEL SETAN 
Rawon Setan 
Mie setan 
kabeh jatahe setan dipangan... 
nganti setane yo bingung... arep mangan nganggo sambele sopo...

Cah cilik-cilik dho seneng mangan KEMBANG GULO lan ENDOK CECAK... mulo cecak e podho mumet ora nduwe cemilan maneh...

Dho seneng mangan PERMEN KARET nyatane isih tetep podho sehat kabeh... Ora opo-opo...

Saking rakuse, telek kucing ya kolu. 

Kuping gajah dinggo camilan. 

Balung kuwuk ya tedhas.

Jiaann jan menungsa ki opo sing ra doyan.

2 komentar: